Assalamu'alaikum warohmatullahi wabarokatuh _monggo pinarak ingkang sekeco_

Kamis, 03 Maret 2011

MAMPIR NGOMBE

Mangertoso bilih gesang wonten dunyo puniko namung sekedhap bilih di bandhing gesang wonten akhérat ingkang mboten wonten pungkasané.

Menawi langkung kito galih, wekdal sa'detik wonten dunyo puniko minangkani bandhinganipun atusan tahun wonten ing akhérat. Ningali dumateng perbandingan kasebat, kanjeng Nabi SAW ngelingaké dumateng kito sedoyo kanti ndawuhaké mekaten : كُنْ فِي الدُّنْيَا كَأنَّكَ غَرِيْبٌ أَوْ عَابِرِ سَبِيْلٍ Artosipun : "Onoho siro ing dunyo iki koyo-koyo wong kang lagi lelungan utowo wong kang ngambah dalan".

Kanjeng Nabi ngibarataké gesang wonten dunyo kalian tiang ingkang lelungan utawi tiang ingkang ngambah dalan, artosipun sa'dangu-danguné wekdal lelungan utawi melampah wonten margi puniko badhé énggal wangsul, ugi mesthi sanget langkung lami anggénipun netep wonten umahé.

Leres sa'éstu tetembung saking tiang jowo bilih " Urip ono dunyo iku paribasan mampir ngomb é ".

Milo monggo kito sa'éstu-éstu aggénipun pados sangu kanggé persiapan gesang wonten akhérat, ampun ngantos sangu puniko kirang, nopo malih mboten mbekto sangu babar pisan, amargi wonten akhérat mboten saged pados utangan utawi sambutan.

Sedoyo tiang sami ketungkul kalian nasibé piyambak-piyambak kanggé mempertanggung-jawabaké kawontenan gesangé wekdal wonten dunyo dumateng gusti Alloh.

Sedoyo ingkang kito gadhahi lan kito remeni wonten gesang dunyo niki mboten sanés namung minangkani paés-paésé gesang ingkang badhé énggal sirno, lan minangkani coba'an tumerap kito.

Kados ingkang dipun dawuhaké gusti Alloh : الْمَالُ وَالْبَنُونَ زِينَةُ الْحَيَاةِ الدُّنْيَا وَالْبَاقِيَاتُ الصَّالِحَاتُ خَيْرٌ عِنْدَ رَبِّكَ ثَوَابًا وَخَيْرٌ أَمَلاً (الكهف : 46) Artosipun : "Bondho lan poro putro iku minongko dadi pepa é s é dunyo, lan amal-amal sol é h kang bakal langgeng iku luwih bagus wales é mungguh gusti Alloh lan luwih bagus é perkoro kang diarep-arep".

Amal-amal soléh ingkang hasilé saged dipun nikmati sa'lami-laminipun puniko ngelimputi sholat, puoso, haji,sodakoh, ugi sedoyo kewajiban lan kesunatan ingkang dipun lampahi namung keranten gusti Alloh.

Déné menawi bondho lan putro ingkang tansah kito remeni lan kito trésnani puniko badhé dipun tilar pejah lan saged ndadosaké poncoboyo, kados déné menawi bondho warisanipun dados sumber pecahé keluargo utawi bandhané di tasarupaké wonten kemaksiatan, utawi putro wayahé nggadhahi tingkah ingkang mboten becik menggah masyarakat utawi agomo.

Tiang ingkang ngrumaosi bilihsedoyo perkawis dipun ukur mawi bondho dunyo, kados-kados déwé'é mboten ngélingi dumateng wontenipun pertanggung-jawaban lan gesang abadi wonten akhérat, mongko tiang kasebat mboten saged ngaso lan nikmati ke'énakané gesang.
KanjengNabi SAW dawuh : قَالَ النَّبِيُّ صلى الله عليه وسلم مَنْ أَصْبَحَ وَالدُّنْياَ أَكْبَرُ هَمِّهِ فَلَيْسَ مِنَ اللهِ فِي شَيْءٍ، وَأَلْزَمَ اللهُ قَلْبَهُ أَرْبَعَ خِصَالٍ: هَمًّا لاَ يَنْقَطِعُ عَنْهُ أَبَداً، وَشُغْلاً لاَ يَتَفَرَّغُمِنْهُ أَبَداً، وَفَقْراً لاَ يَبْلُغُ غِنَاهُ أبداً، وَأَمَلاً لاَ يَبْلُغُ مُنْتَهَاهُأَبَداً [1] Artosipun : Kanjeng Nabi SAW dawuh : "Wong kang ndad é 'ak é dunyo tujuan paling utaman é , mongko d é w é ' é ora bakal ol é h bagian soko gusti Alloh, lan Alloh bakal netepak é atin é d éwé'é kelawan tingkah papat : siji , prihatin (nelongso) kang selawas é ora bakal pegot. Loro, Sibuk penggaw é an kang ora bakal ono nganggur é . Telu , faqir (ngeroso miskin)kang selawas é ora bakal biso ngeroso sugih. Papat, angen-angen kang selawas é ora bakal tumeko perkoro kang dadi tujuan é" .

Sampun dados tabi'até menungso bilih tansah nggayuh kesugihan lan tansah ngraos kirang.
Misal ké mawon tiang ingkang dianugragi mobil ingkang sampun dangu dados kelangenanipun, sampun tamtu piambaké kepéngin nggadhahi setunggal mobil malih, kados meniko sa'terasipun.

Padahal ketungkul dateng perkawis dunyo asring nyebabi ngelalé'aké marang gusti Alloh.

Puniko kados ingkang dipun dawuhaké gusti Alloh : أَلْهَاكُمُالتَّكَاثُرُ ، حَتَّى زُرْتُمُ الْمَقَابِرَ (التكاثر : 1،2) Artosipun : "Akéh-akéhan (perkoro dunyo) ndadékno siro podho lali, tumeko siro podho di kubur".

Sanés jaminan bilih kathahé bondho dunyo pantes dipun sebat tiang ingkang sugih sarto gesangipun tentrem, amargi kesugihan lan ketentreman haqiqi puniko namung saged di wujudaké kanti ikhlasé penggalih anggénipun nampi dumateng qodo' lan qodaré gusti Alloh. اَلْغِنَى غِنَى النَّفْسِ Artosipun : "Kesugihan kangsa'temené iku nrimané ati".

Tidak ada komentar: