Assalamu'alaikum warohmatullahi wabarokatuh _monggo pinarak ingkang sekeco_

Jumat, 26 Februari 2010

Suro Gentho Mblantik

SURO GENTHO MBLANTIK
MULEH NGGOWO MP3

Selamat pagi... sapa Suro Gentho pada dirinya sendiri
kemudian Suro Gentho tersenyum, bangkit dari tempat tidurnya, sarunge di uncalne bruk. Kekamar mandi adus, terus Sholat Subuh,.....


Matahari dah kelihatan Suro Gentho nyantai duduk di emperan depan rumahnya bakar tengwe sambil ngopi. Kopi habis kemudian Suro Gentho pergi ke pasar...

Eeh... Suro Gentho punya juluk an baru yaitu Sarko saben pasaran mesthi teko,...

Opo kae...
oalah tibak eee...
Aku nggumon bocah kae lunggoh nglesot kok ngarep lawang panggonane. Sawangane meneng njenggureng kereng koyo babon anggrem.


Mesam-mesem koyo nangis praupane tapi ora enek eluhe, ingah-ingih klincutan polahe. Ora mlaku ora nglekor yo ora mlungker, meneng anteng ora obah, koyo mati tapi kok kedep mripate(ora liyo yo kuwi Suro Bangsat ponak ane Suro Gentho) lengok-lengok.


Lhaa... kae ko kadohan Suro Gentho wis kethok balik ko pasar tas mblantik sapi, wedus mblantik opo ae seng kenek di dadekne duit. Hobine...


Suro Gentho nggaya, mlebu pekarangan omah untone di parkir neng emper, tingkahe petitha-petithi karo nyedot tengwe (nglintheng dewe) ne seng sak jempolan sikil gedene, jenggelak Suro Gentho njingkat mripate mendelik nyawang ponakane neng ngarep lawang ote-ote...

Lho... Sat.. Bangsat. we nyapo nglesot neng kono ? Suro Gentho mbengok i ponak ane. Si Bangsat kuaget gragapan jenggelak ngadek klunuh-klunuh mlaku arep neng kandang mburi nyangking timbo comboran sapi karo lirak-lirek mripate nyawang gembolane Pakdene. OPO KUWiii.... (batine si Bangsat).


Suro Gentho lingguh neng kursi kesayangane ngadep mejo tolah-toleh ngiwo-nengeng (sepi batine Suro Gentho) terus mesem(gembolane di glethakne ngarepe). Sumiten metu nggowo wedang kopi panas gulo klethuk di seleh mejo ngarepe Bapak e terus mlaku ngaleh neng pawon. Wedange di sruput gulane di klethak klethuk karo Si Gentho.
Nyumet tengwe eneh kebuuul... ahuk-ahuk Si Gentho keselak ampek roso pego neng dodone...


Dasat Si Bangsat penasaran incang inceng ko jendelo pengen eroh opo gembolan seng di gowo Pakdene...
Pleeek... pundak e Si Bangsat di kablek ko mburi, wedi Si Bangsat arep mlayu tapi di gandoli karo Suminten, nginceng opo Sat ? takone Suminten
sssst... kuwi drijine Bangsat nyuding gembolane Bapak e Suminten seng neng nduwur mejo.
Opo kuwi takone Suminten...
gak ero0h jawabe Bangsat...
dasar Si Gentho wis rodok sudo krungon yo ora eroh di inceng anak e karo ponak ane...


Gembolane Si Gentho mulai di bukak siji-siji kain ireng, kain abang terus terakhir kain putih...
Hahahaaa...
Hahahahaaa...
Suro Gentho ngguyu jegagakan ngetne barang sak adah 234 ireng rupane...(Bangsat karo Minten seng nginceng ko jendelo mburine Gentho kaget ndomblong)opo kuwi ? pikire karo gedek-gedek sirah e nggumon....


Si Gentho mesam mesem ngelus ngelus barange mp3-mp3 , lho0... kok enek sworo..? Gentho kaget
tombole kepijet Gentho ora ngerti terus lagune muni...

Paijo paijo gaweane suloyo, Paijo paijo ra nduwe totokromo
Paijo paijo mangane godong telo, Paijo paijo raine koyo butooo...

(lho kok ngelokne Kang Paijo sopo iki seng neng njero.?)Bangsat karo suMinten seng nginceng neng mburi ngguyu di empet.


Ono bocah ireng lethek nggegirisi, kabeh uwong seng ngematke podo mlayu bali
Marai bocah kuwi mlaku ora nganggo klambi, teler ngombe ciu surungane roti
Senengane mbendinane yo mung koyo ngono, ora mikir anak e seng cacahe wis loro
Onone mung seneng-seneng ngasi awak loyo, le bare pijetan merem melek ko petho
Paijo jenengane gede duwur awak e, karepe wong tuwane iso nggenah tur nyenengake
Tapi nyatane kok malah kewalik ane, Paijo dadi ndugal anane nyente-nyente

(si Gentho lenggut lenggut ngrungok ke)

Woeee...
Wis jan nek di pikir malah mesak ke, wong tuwane karo bojone nangis batine
Sak bendino ngandani ora ono epek ke, Paijo malah dugem ra gelem miker ke...


Paijo paijo gaweane suloyo, Paijo paijo ra nduwe toto kromo
Paijo paijo mangane godong telo, Paijo paijo raine koyo butoo0...


Soko cilek Paijo wis kethok banggel, nek dolan senengane nek nggone tukang togel, golek wangsit nek kuburane Mbah Dogel
Oalah leee.. kowe tambah lek nggilani, nyang tangan nyileh kamar nggo vcd
Wis tau konangan malah gage lungo mburi, jebule Paijo ngentek ke sabun mandiii...

(Suro Gentho teklak tekluk ngantok, Si Bangsat masang kuping ngematne suarane mp3, Suminten waleh mbalik neng pawon)

Bang bang tut jendelo wowo, sopo wani ngentot di tembak rojo tuwo
Tuwo tuwo kaji rambute karek siji, sopo seng ngapusi endok ke ilang siji


Mulakno kowe kabeh nurut nek di kandani, eling karo Gusti men slamet nek ndunyo iki
Ati ati keno Adzab mati wetenge gedi, mergo kakean mangan barang ra mbejaji


Woeee...
Yen isih nglakoni cepet ndang mari, tobat karo Gusti dosane di kelongi
Ora usah mikir ndunyo seng mung mamper ngombe
Ojo wedi kere seng penting sugeh atine
Wis sak iki tumindak o seng becik
Ojo koyo Paijo senenge maling pithek
Becik ketithek olo ketoro
Ayo kabeh do podo eling dosaaa...

Paijo paijo gaweane suloyo, Paijo paijo ra nduwe toto kromo
Paijo paijo mangane godong telo, Paijo paijo raine koyo butoo0.....
(Lagu dari : Anti Acne Judul : Paijo. bagi yang belum tau atau belum dengar download saja di carian mp3)


si Suro Gentho saking capeknya mblantik di pasar tadi lagu belum habis sudah tertidur. Eroh pakDene keturon si Bangsat nggrayah mp3 ne si Gentho handfree ne di pasang mlaku ngaleh kalem kalem budal golek rambanan ngge pakan wedus, weduse suarane embak embeeek ae wisan, keluwen...njaluk di pakan

Tidak ada komentar: