Ora mbejaji lamon tho rogo wis ora biso obah, owah roso loro ning ati dadi kanyatan senajan mbiyen ora percoyo, sak iki wis iso rumongso buktine nyoto neng ngarep moto. Bondho tanpo guno Nyawang rogo tanpo doyo wis pinesthi tekone janji ora bakal biso bali. Mancik pucuk e eri awak siji ora biso ngopeni ati, sluman slumun slamet, lali kesengsem gumebyare nuruti roso, roso lilo kepekso kapusan angen-angene deweeee...
Duh Gusti kang moho Rohman nyuwun pitulungan kabejane awak mami, mugi saget tego lilo kerso dateng samubarang kang dumadi dateng kawulo.
Duh Gusti kang moho Rohim, senajan raos kados damar cublik kang katerak angin kebat-kebit sirnaning cahyo kang tan biso den selak i, amung sawiji piandel sak jeroning manah kang kacarup cemeng e howo, piandel paugeman... tansah sumende ning manah dateng ingkang nggadahi welas asih selaminipun...
Tidak ada komentar:
Posting Komentar